Kelingan naliko jaman semono
Ning Jakarta uripku isih rekoso
Ngelak tak rasake, luwe tak rasake
Rekoso nganti tekan seprene

Tak tinggalke wong ayu, kowe ning kono
Entenono setiaku nganti tekaku
Aku golek sandhang, lungo golek pangan
Tak suwun jo nganti lali sembahyang

Nalikane salaman ning stasiun
Mripat mbrabak, terus netes akeh eluh
Ora gelem, ora lilo yen tak tinggal
Piya-piye wong isih temanten anyar

Sak pungkur lungaku
Ojo mung ngelamun
Dongakno, dongakno
Mugo biso kelakon sing tak suwun

Kelingan naliko jaman semono
Ning Jakarta uripku isih rekoso
Ngelak tak rasake, luwe tak rasake
Rekoso nganti tekan seprene

(La-la-la-la-la, sayangku)
(La-la-la-la-la, sayangku)

Nalikane salaman ning stasiun
Mripat mbrabak, terus netes akeh eluh
Ora gelem, ora lilo yen tak tinggal
Piya-piye wong isih temanten anyar

Sak pungkur lungaku
Ojo mung ngelamun
Dongakno, dongakno
Mugo biso kelakon sing disuwun

Mugo biso kelakon sing disuwun