Lelo
Lelo

Awan-awan turu ndengkur
Yen wengi kanggo kluyuran
Joko lelur bocah nganggur
Mbalengi nandang kasmaran

Awan-awan ngombe limun
Limune katutan semut
Awan bengi tansah nglamun
Kelingan roro mendut

Opo kowe tego tenan
Nyawang aku kang kasmaran?
Aku arep nyemplung sumur
Anane mung sumur pompan

Aku wani mati tenan
Timbang urip kewirangan
Nanging aku esih wedi
Turu ijen ning kuburan

Joko lelur kemul sarung
Ngetan ngulon ra karuan
Dasar bocah rodo gemblung
Arep mati eling bancakan

Opo kowe tego tenan
Nyawang aku kang kasmaran?
Aku arep nyemplung sumur
Anane mung sumur pompan

Aku wani mati tenan
Timbang urip kewirangan
Nanging aku esih wedi
Turu ijen ning kuburan

Joko lelur kemul sarung
Ngetan ngulon ra karuan
Dasar bocah rodo gemblung
Arep mati eling bancakan

Dasar bocah rodo gemblung
Arep mati eling bancakan