Remuk, ambruk, uwis malih wujude Omahe ilang, ilang sak isine Boto sing abang, soyo cetho wernane Tetes ing getih ing kono-kene Jerit suoro tangis bayi kangen ibune Sing wis sedho, bener ono ning sandhinge Tetes ing eluh ora biso dibendung Bebasan udan sing tanpa mendung Lemah sing garing, bengkah ing wansi enjing Sopo sing ra nggrantes, nangis ing batin Jerit suoro tangis bayi kangen ibune Sing wis sedho bener ono ning sandhinge Enjing kang sepi tekane kuwi Lindu sing gawe nangis ing ati Lindu, lindu, kowe nratap sing do krungu Wanci enjing sing gawe nangis ing kalbu Lindu, lindu, sing gawe nangis mripatku Dino Setu sing dadi saksi kang bisu Remuk, ambruk, uwis malih wujude Omahe ilang, ilang sak isine Boto sing abang, soyo cetho wernane Tetes ing getih, ing kono-kene Jerit suoro tangis bayi kangen ibune Sing wis sedho bener ono ning sandhinge Lindu, lindu, kowe nratap sing do krungu Wanci enjing sing gawe nangis ing kalbu Lindu, lindu, sing gawe nangis mripatku Dino Setu sing gawe nangis batinku Dino Setu sing dadi saksi kang bisu