Padang Bulan

Didi Kempot

Endahing malem Minggu iki
Lintang, rembulan abyur cahyane
Tak sawang koyo esem lan guyumu
Naliko jaman semono

Ning plataran iki tetembangan janji
Tresno kang sawiji dumedek ning ati
Limang sasi seprene iki
Duh, kudu setyo aku ngenteni

Koyo tetukulan ning mongso ketigo
Ngenteni tumetese udan
Rino dadi wengi, wengi dadi sepi
Turu datang ngimpi sedih ati iki

Oh, mbulan gede, julungen aku
Gawakno kangenku kanggo slirane
Oh, lintang lugu gawakno mlayu
Kangen atiku kepengen ketemu

Hahaha, haha
Yen malem Minggu ngene iki og rasane podo ae yo
Ora neng Suriname ora neng Jawa
Wah, kabeh katon padang njinggrang

T'rus aku kelingan sing ora-ora e
Naliko neng nggone Taman Rejo
Akaringgo, terus kui lho ora ketinggalan
Jamane aku ono ing nggone Saramaka

Terus neng kae, opo kae desane lali aku
Sing keri-keri opo kae?
Oiyo eling saiki aku, ono neng Nickeri
Halo

Limang sasi seprene iki
Duh, kudu setyo aku ngenteni
Koyo tetukulan ning mongso ketigo

Ngenteni tumetese udan
Rino dadi wengi, wengi dadi sepi
Turu datang ngimpi sedih ati iki

Oh, mbulan gede, julungan atiku
Gawakno kangenku kanggo slirane
Oh, lintang lugu gawakno mlayu
Kangen atiku kepengen ketemu

Oh, mbulan gede, julungan atiku
Gawakno kangenku kanggo slirane
Oh, lintang lugu gawakno mlayu
Kangen atiku kepengen ketemu
Kangen atiku kepengen ketemu