Kalah Dadu

Didi Kempot

Mangkat nganggo kalung, mulih kalungan sarung
Mlaku ngulon koyo wong bingung
Disawang rodo aneh, saiki rodo nyleneh
Ora isin digunem uwong akeh

Siji, loro, telu, sajak'e kalah dadu
Tekan ngomah, bojone nesu-nesu
Papat, limo, enem, sing wedok mentheleng
Dijak turu ora gelem

Kalah dadu meneh, Mas?
(Utangmu wis akeh)
Kalah dadu meneh, Mas? Mas?
(Ora waleh-waleh)
Ora kapok-kapok, urip mung nglaku ibadah
Mbok yo eling, anakmu ra nganggo kathok

Mangkat nganggo kalung, mulih kalungan sarung
Mlaku ngulon kaya wong gemblung
Disawang rodo aneh, saiki rodo nyleneh
Ora isin digunem uwong akeh

Siji, loro, telu, sajak'e kalah dadu
Tekan ngomah, bojone nesu-nesu
Papat, limo, enem, sing wedok mentheleng
Dijak turu ora gelem

Kalah dadu meneh, Mas?
(Utangmu wis akeh)
Kalah dadu meneh, Mas? Mas?
(Ora waleh-waleh)
Ora kapok-kapok, urip mung nglaku ibadah
Mbok yo eling, anakmu ra nganggo kathok

Kalah dadu meneh, Mas?
(Utangmu wis akeh)
Kalah dadu meneh, Mas? Mas?
(Ora waleh-waleh)
Ora kapok-kapok, urip mung nglaku ibadah
Mbok yo eling, anakmu ra nganggo kathok

Mbok yo eling, anakmu ra nganggo kathok
Mbok yo eling, anakmu ra nganggo kathok